Syi'ir Tanpo Waton (Pujian Ala Gus Dur)
Astaghfirulloh robbal
barooyaa
Astaghfirulloh minal khotooyaa
Rabbi zidni ’ilman nafi’ah
Wawa fiqni ’amalan sholihah
Yaa rosululloh salamun’alaik
Yaa rofi’asa ni wa daaroji
Athfathayyaji rotal alami
Yauuhaylaljuu diwal karomi 2x
Ngawiti engson nglara si'iran
Kelawan muji mareng pengeran
Kang pareng rohmad lan kenikmatan
Rino wengine tanpo pitungan
Ojo mung ngaji syare'at bloko
Gur pinter dongeng nulis lan moco
Tembe mburine bakal sangsoro..... 2x
Akeh kang apal qur'an haditse
Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe gak di gatekke
Yen iseh kotor ati akale..... 2x
Gampang kabojok nafsu angkoro
Eng pepaese gebyare ndonyo
Iri lan meri sugiye tonggo
Mulo atine peteng lan nisto..... 2x
Ayo sedolor jok nglaleake
Wajibe ngaji sak pranatane
Gur ngendelake iman taukhite
Baguse sangu mulyo matine..... 2x
Kang aran soleh bagus atine
Kerono mapan sering ngelmune
Laku toreqot lan ma'rifate
Ugo hakekat manjeng rasane..... 2x
Al-qur'an Qodim wahyu minulyo
Tanpo tinulis iso diwoco
Iku wejangan guru waskito
Den tancepake eng njero dodo..... 2x
Kumanthel ati lan pikiran
Mrasuk eng badan sampek jeroan
Mu'jizat rosul dadi pedoman
Minongko dalan manjinge iman..... 2x
Kelawan Allah kang Maha Suci
Kudu rangkulen rino lan wengi
Di tirakati di riyadhoi
Dzikir lan suluk jok nganti lali..... 2x
Uripe ayem rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo najan pas pasan
Kabeh tinakdir sakeng pengeran..... 2x
Kelawan konco dulur lan tonggo
Kang podho rukun ojok ngasiyo
Iku sunahe rosul kang mulyo
Nabi muhammad panutan kito..... 2x
Ayo nglakoni sekabeane
Allah kang bakal ngangkat drajate
Senajan asor toto dhohire
Anangeng mulyo maqom drajate..... 2x
Lamun palastro eng pungkasane
Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Allah swargo manggone
Utuh mayyite ugoh ulese..... 2x
Yaa rosululalloh salamun’alaik
Yaa rofiassa ni wa daaroji
Athfathayyaji rotal ’alami
Yauuhay laljuu diwal karomi 2x
Al – fatihah….